Icon Moon Batman Begins - Diagonal Resize 2

Wednesday, August 26, 2015

Sego pecel apa sego uduk?

Iki menawa tulisan pertama ning blogku sing nganggo bahasa jawa, yo sak anane, sak isone aku nulis. Isuk-isuk aku tangi, dino iku adhiku di kon tuku sego kanggo sarapan sedurunge sekolah. Saka kuwi aku eling lan akhire nulis iki dadio tulisan iki.

Biyen jaman iseh sekolah, iyo pas sekolah, saiki yo iseh sekolah, tapi sing tak maksud sekolah tk,sd,smp lan sma dudu sekolah kuliah. Saben isuk tangi isih riyip" mripate, di gugah wong tua, banjur tangi langsung mro padasan mek wudhuan, bar kwi subuhan. Sak wese kwi ora lali mangkat tuku sarapan. Saben dino suwene kurang luwihe 13 kecuali dino minggu mesti tuku sarapan, mbuh kwi sego pecel apa sego uduk. Malah kadang kala dino minggu wae isih tku sarapan. Tukune kudu isuk yen ra isuk ngantri suwe. Tukune kudu urut antri tekamu, biasane yen sego pecel entuke cepet soale nggone rada pojoan dadi warunge rada sepi tapi yen tuku uduk kudu isuk, soale nggone ning tengah desa sing tuku rada akeh. Saking isuke kadang segone drung mateng wes okeh sing ngantri. Lah kwi sing paling dadi eling"anku, rasane pada enake. Sego pecel utawa sego uduk, kadang kala uduk kadang kalane yo pecel, gari mood.e pengen ndi. Banjur yen wes bar ntuk segone aku bali muleh mangan ning omah, yen wes adus, siap" budhal sekolah. Iku biyen tak lakoni kurang luwehe 13 tahun saben isuk. Angel di lalekke kwi wes dadi kebiasaan. Tapi pas kuliah wes beda ceritane,
Kowe kancaku sing maca iki yen pengen sego pecel apa sego uduk gratis, turu.o ng omahku mengko isuk-isuk tak jak wisata kuliner istilah gahule. Milih sego pecel apa sego uduk? Rasane pada econe, ora kalah karo masakan restoran biyasane, luweh" akehe, luweh" murahe, ora kalah kualitase.

Mangga.

0 comments :

Post a Comment